Prabu Dasamuka ,prabu kang sakti
mandraguna kang kasengsemm kaliyan Dewi Sinta
Kang anggadahi garwa asminipun Prabu
Ramawijaya kang satiya banged marang Dewi Sinta. Ananging ngana Prabu Dasamuka
ya kepengen ndusta Dewi Sinta , saka kuwi tindak polahe Prabu dasamuka diawasi
ingkang mbiyantu Prabu Ramawijaya.
RAMA
TAMBAK
Prabu Dasamuka ratu ing Ngalengka punika pancen satunggaling
ratu ingkang sekti mandraguna. Prabu Dasamuka punika kepencut dhateng Dewi
Sinta, wanita ayu ingkang sulistya ing warni, garwanipun Ramawijaya.
Gegandhenganipun Dewi Sinta kaliyan Prabu Rama, sampun mboten saged
dipunpisahaken malih.
Pramila Prabu Dasamuka nggadhahi raos kuciwa. Piyambakipun
tansah pados rekadaya kados pundi caranipun supados saged ndhusta Dewi Sinta.
Nalika Prabu Rama bebedhag ing wana Dhandhaka badhe mburu Kidang Kencana
minangka panyuwune sang Dewi, kocap kacarita sang Dewi saged kadhusta dening
candhala utusane Prabu Dasamuka saking Ngalengka. Miturut aturipun Sang Hyang
Baruna supados saged gampil anggene dumugi Nagari Ngalengka, Prabu Rama kedah
nyiagakaken wadyabala wanara. Wadyabala wanara ingkang dipunpandheghani dening
Anoman kautus ngusungi redi saha sela kangge nambaki seganten supados gampil anggenipun
kesah dhateng Ngalengka.
Prabu rama saha wadyabala wanara sampun samapta tumandang damel.
Sasampunipun sarembag anggenipun badhe damel tambak minangka uwot kangge margi
dhateng Ngalengka, wadyabala wanara saperangan dipundhawuhi ngusungi redi minangka
kangge tambak. Ing wusana sedaya sami sengkut anggenipun tumadang damel amrih
tambakipun enggal dados. Sasampunipun tambak dados Prabu Rama sawadyabala
wanara saged liwat minangka margi dhateng Ngalangka. Tujuanipun badhe mengsah
jurit dhateng
Prabu Dasamuka. Wadyabalanipun Prabu Dasamuka punika sedaya sami
sekti mandraguna mboten tedhas ing sawarnaning gegaman ingkang wonten. Pramila
para prajurit wanara sami kewuhan, kados pundi caranipun saged ndhesek utawa
mikut Prabu Dasamuka sawadyabalanipun. Pungkasanipun cariyos, Anoman nggadhahi
cara kangge merjaya Prabu Dasamuka punika. Satunggaling wekdal Anoman ngangkat
Gunung Somawana, pangangkahipun Anoman badhe nebleg polah tingkahipun Dasamuka.
Wusananipun Prabu Dasamuka saged sirna amargi dipuntableg kaliyan Gunung
Somawana dening Anoman.
·
PANOKOHAN CARITA WAYANG RAMA TAMBAK :
1. Prabu
Dasamuka : elek , sekti
mandraguna, pandhusta kayata saka piyambake kang badhe ndusta Dewi Sinta.
2. Dewi
Sinta : licik, cerdik lan
satiya marang Prabu Ramawijaya kabukti saka kalimat, gegandhenganipun Dewi Sinta kaliyan
Prabu Rama, sampun mboten saged dipunpisahaken malih.
3. Prabu
Ramawijaya : sae, wibawa lan satiya
marang Dewi Sinta kabukti saka kalimat, gegandhenganipun Dewi Sinta kaliyan Prabu Rama, sampun
mboten saged dipunpisahaken malih.
4. Anoman
: sae, cerdik, remen
mbiyantu lan pinter.