Free Music Online
Free Music Online

free music at divine-music.info

10 Jan 2014

RAMA TAMBAK_DASAMUKA


Prabu Dasamuka ,prabu kang sakti mandraguna kang kasengsemm kaliyan Dewi Sinta
Kang anggadahi garwa asminipun Prabu Ramawijaya kang satiya banged marang Dewi Sinta. Ananging ngana Prabu Dasamuka ya kepengen ndusta Dewi Sinta , saka kuwi tindak polahe Prabu dasamuka diawasi ingkang mbiyantu Prabu Ramawijaya.

RAMA TAMBAK
Prabu Dasamuka ratu ing Ngalengka punika pancen satunggaling ratu ingkang sekti mandraguna. Prabu Dasamuka punika kepencut dhateng Dewi Sinta, wanita ayu ingkang sulistya ing warni, garwanipun Ramawijaya. Gegandhenganipun Dewi Sinta kaliyan Prabu Rama, sampun mboten saged dipunpisahaken malih.          

Pramila Prabu Dasamuka nggadhahi raos kuciwa. Piyambakipun tansah pados rekadaya kados pundi caranipun supados saged ndhusta Dewi Sinta. Nalika Prabu Rama bebedhag ing wana Dhandhaka badhe mburu Kidang Kencana minangka panyuwune sang Dewi, kocap kacarita sang Dewi saged kadhusta dening candhala utusane Prabu Dasamuka saking Ngalengka. Miturut aturipun Sang Hyang Baruna supados saged gampil anggene dumugi Nagari Ngalengka, Prabu Rama kedah nyiagakaken wadyabala wanara. Wadyabala wanara ingkang dipunpandheghani dening Anoman kautus ngusungi redi saha sela kangge nambaki seganten supados gampil anggenipun kesah dhateng Ngalengka.

Prabu rama saha wadyabala wanara sampun samapta tumandang damel. Sasampunipun sarembag anggenipun badhe damel tambak minangka uwot kangge margi dhateng Ngalengka, wadyabala wanara saperangan dipundhawuhi ngusungi redi minangka kangge tambak. Ing wusana sedaya sami sengkut anggenipun tumadang damel amrih tambakipun enggal dados. Sasampunipun tambak dados Prabu Rama sawadyabala wanara saged liwat minangka margi dhateng Ngalangka. Tujuanipun badhe mengsah jurit dhateng
Prabu Dasamuka. Wadyabalanipun Prabu Dasamuka punika sedaya sami sekti mandraguna mboten tedhas ing sawarnaning gegaman ingkang wonten. Pramila para prajurit wanara sami kewuhan, kados pundi caranipun saged ndhesek utawa mikut Prabu Dasamuka sawadyabalanipun. Pungkasanipun cariyos, Anoman nggadhahi cara kangge merjaya Prabu Dasamuka punika. Satunggaling wekdal Anoman ngangkat Gunung Somawana, pangangkahipun Anoman badhe nebleg polah tingkahipun Dasamuka. Wusananipun Prabu Dasamuka saged sirna amargi dipuntableg kaliyan Gunung Somawana dening Anoman.

·         PANOKOHAN CARITA WAYANG RAMA TAMBAK :
1.      Prabu Dasamuka         : elek , sekti mandraguna, pandhusta kayata saka piyambake kang badhe ndusta Dewi Sinta.
2.      Dewi Sinta                  : licik, cerdik lan satiya marang Prabu Ramawijaya kabukti saka kalimat, gegandhenganipun Dewi Sinta kaliyan Prabu Rama, sampun mboten saged dipunpisahaken malih.           
3.      Prabu Ramawijaya      : sae, wibawa lan satiya marang Dewi Sinta kabukti saka kalimat, gegandhenganipun Dewi Sinta kaliyan Prabu Rama, sampun mboten saged dipunpisahaken malih.
4.      Anoman                      : sae, cerdik, remen mbiyantu lan pinter.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar